Cari Blog Ini

Jumat, 02 Desember 2011

ASAL USULE DESA SUWAWAL TIMUR


ASAL USULE DESA SUWAWAL TIMUR
Ana ing abad XV zaman kerajaan maataram islam ana sekelompok wong pengembara sing singgah ana nggon kanggo mbukak perkampungan anyar lan nyebarake agama islam ing pulau Jawa iki. Sekelompok saka wong-wong iku utawa keturunanne wali Kawak sing jengene Kaki Kincong – Mini kincong saka salah sawijining versi sing jengene mbah Cibuk (salah sawijinging bagelar Singo Taruna), sesepuh iku sing mbuka perkampungan anyar sing saiki manggon ing sebelah kidul pasar suwawal timur karo alat peso wawal (alat kaya cetok tukang batu). Kanggo nebang wit-witan, sing orak sengaja nganti ngomong desa iki jengene kampung siwawal. Akhire dadi Suwawal lan akhire alat kui didadekna gaman desa lan gaib, lan orak bisa sing njupuk alat iku amerga  iku gaman desa.
Sesepuh wali kawak ana sing ngomong jengene Ki Renggo Winih Wiji utawa Syeh Hasan keturunan Citro Kkusumo (wong kui yaiku Bupati pertama) lan keturunan saka keerajaan Mataram Islam. Dayang ngomong pertama kaline teko ing kampong-kampung sing saiki dijengeni Kawak, makam Mbah Mbuyutan, makam Mbah Renggo wWinih ing kene ana peziarah siing haul ing dina senin pahing dzulhijah.
Jengen Dukuh ing Suwawal Timur :
1.      Kidul Kampung
Asal mulane iku mau KI Kincong utawa Mbah Cibuk ngomong karo wong-wong njobo kampong Suwawal ing kidul kono ono kampong, lan akhire wong-wong ngomong kidul kampong.
2.      Pakis
Amerga ing kono akeh wit-witan pakis, sing panggone ing sisih wetan balai desa Suwawal Timur kiro-kiro 300 meter.
3.      Pkis Dung Gayam
Ing kono akeh wit pakis lan wit gayam, sing nderoke ing sisih wetam kampong pakis ngantek persil (persil yaiku jengen tanah weke perusda utawa perusahaan daerah). Ing kampong pakis iki sing mbabat alas yaiku Mbah Murah lan Mbah Gebyok.
4.      Kembul
Zaman mbiyen ing kono akeh gerumbul (tanduran liar), sing panggone ing sebelah wetan balai deso Suwawal Timur saiki.
5.      Jember lan Demeling
Ing jaman mbiyen Ratu Kalinyamat dulure sing jengene Roro ndemeling ngembara terus leren ing kampong kono sing wektu kui dewekke lagi hadas ageng terus sesuci  (adus)ing mbelik (sumber banyu ing jeglongan lemah) iku sing berarti mbuwak rusuhan (jember, sing akhire kasebut kampong jember) terus dewekke ngelanjutna pangembarane lan deweke tutok mbelik lan akhire mutusake tirakat ing mbelik kampong iku dadine kampong iku jengene demeloing lan mbelike jengene mbelik ayu (wahyu) karena ing panggon iku dewke entok wahyu sing digoleki.
6.      Sodin
Kampong sodin ana ing kulon kampong Suwawal.
Ceritane wektu iku ing wktu malem purnama hamba Allah SWT lagi ngerencanakkae gawe gunung tepate ing kidul kali (kali perbatasan Suwawal timur lan Bulungan) nganggo lemah sing digowo dipikul nganggo ekrak (alat mbuwak sampah saka pring) lagek sepisan njupuk tapi ana wong kang weruh deweke lan mepe kapas padahal wong kui lagi bar tangi turu, terang benderang bulan purnama iku dikirane wis isuk. Terus syaikh iku urak sido nerusake penggaweane lan ditinggal gaman-gamanne kui, dadi lemah kui bentuk anak bukit lan loro ekrake dadi watu loro lan pikulane ditancepake ing lemah ing antarane rong ekrak mau dadi wit.
7.      Kaligong
Iku amergane kali sing ngalir ing pangon iku walau wayah-wayah panas banyune tetep agung (rak tau ntek) utawa ing bahasa jawa diunekake “kaline megung”,ing aliran kali iku ana watu loro panggong banyu ding rak entek-entek (kedung utawa yaiku kedung lum,bu utawa wong kulino nybut dung klimbu). Dijenengi dung lumbu ameerga konon katane kedung iku iso nguat madahi 4 pasang lembu karo jerone rong batang wit pring luweh, mulakno dijengeni ding lumbu. Ing nduwure kaligong kesebut,ing wayah iki lokasine ing sebelah kulin dukuh sodin.

 (Karya Meysi Di Putri)

1 komentar:

  1. Yang kami kenal bupati pertama Jepara adalah Kanjeng Ratu Kalimat, mohon pencerahannya

    BalasHapus