Tembang Macapat
Kabudayan
jawi menika maneka warna, kita saged syukur anggadahi kabudayan jawi wonten ing
nagari kita, supados saged nguri-nguri tembang macapat dados sawijining tembang
ingkang saged dipun lestariaken, salah sawijining inggih menika tembang mcapat.
Tembang
yaiku reriptan utawa dhapukaning basa mawa paugeran tartamtu (gumathok) kang
pamacane kudu dilagokake nganggo kagunan swara.Macapat iku tembang tradhisional ing
tanah Jawa. Saben bait macapat nduweni baris kalimat sing diarani gatra, lan
saben gatra nduwe sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi
nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Miturut Serat Mardawa
lagu,anggitane R. Ng. Ranggawarsita lan serat Centhini karya pakubuwana V,
macapat kaperang dadi 4 macem sekar/tembang:
a)
Maca sa-lagu (tembang gedhe kapisan/kawitan)
b)
Maca rong-lagu (tembang gedhe kapindho)
c)
Maca tri-lagu (tembang tengahan)
d) Maca pat-lagu (tembang cilik)
A.
Tembang Jawa kaperang dadi 3, yaiku:
1.
Tembang gedhe utawa sekar ageng/kawi
Tembang gedhe mujudake piridan saka
tembang Jawa Kuno kang diarani kakawin.Tembung kakawin asale saka tembung kawi kang tegese syair. Kang kalebu
tembang gedhe kayata Lebdajiwa, Kusumawicitra, Sudiradraka, Manggalagita,
Nagabanda, Basanta, Banjaransari, lan Pamularsih.Dene, tembang gedhe
arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa kuna, nanging ing jaman Mataram
anyar, ora dipatrapake prabedan antara suku kata dawa lan cendhak.
2.
Tembang tengahan
Tembang tengahan uga sinebut tembang
dhagelan, amarga umume tembang tengahan iku isine prenesan utawa
dhagelan.Sanajan dhagelan nanging uga ngemu pitutur kang wigati. Kang kalebu
tembang tengahan yaiku Balabak, Wirangrong, Jurudemung, Dudukwuluh,
Pangajabsih, Lonthang, Palugon, Pranasmara, Rangsang Tuban, Sardula, lan
Kawekas.
3.
Tembang cilik utawa sekar alit
Tembang cilik uga kawastan tembang/
sekar macapat, amarga olehe nembangake pedhotan wilangane 4-4. Kang kalebu
sekar macapat yaiku pocung, gambuh, mijil, kinanthi, maskumambang, pangkur,
sinom, asmaradhana, dhandhanggula, durma, lan megatruh.
Sakdurunge ana tembang macapat luwih
dhisik keprungu rupakan kuno kang sinebut kidung, racikane mawa paugeran padha
karo racikan lumrahe kang dienggo ing mangsa iki.Kenapa diarani tembang
macapat?Amarga ana sawetara panemu, tembang macapat asale saka “maca+cepet”.
Tembang macapat macane rikat, ora alon lan lagune ora kakehan cengkok. Uga ana
sing negesi mawa cara jarwa dhosok, macapat=macane papat-papat, karepe menawa
dilagokake pamedhote gatra wiwitan tiba wanda kaping papat. Lire,saben sawirama
isi patang wanda. Ciri tembang macapat yaiku kaiket guru lagu, guru wilangan,
lan guru gatra.
Tembang
macapat utawi sekar macapat menika rereptan utawi karangan ingkang mawi
paugeran gumathok. Pamaoasipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan suara
(Padmasukaca 1960: 25).
Tembang Macapat yaiku
reriptan utawa dhapukaning basa mawa paugeranipun tinamtu lan anggone maca
(ngucapake) kudu dilagokake nganggo kagunan swara.
Manut
sejarahipun ingkang ngripta tembang-tembang macapat menika PARA SUNAN. Tembang-tembang menika minangka sarana syi’ar nalika
miwiti ngrembakakaken AGAMA ISLAM. Dene kang ngripta antawisipun :
1. Sunan Giri : * Tembang Asmaradana
* Tembang Pocung
2. Sunan Bonang : * Tembang Durma
3. Sunan Kudus : * Tembang Maskumambang
* Tembang Mijil
4. Sunan Muria : * Tembang Sinom
* Tembang Kinanth
5.
Sunan Muria : * Tembang Pangkur.
Paugeran
ingkang kaginakaken kangge ndhapuk tembang wau : guru gatra, guru wilangan,
guru lagu.
a. Guru gatra : yaiku cacahing larik ana ing saben tembang.
b.
Guru wilangan : yaiku cacahing wanda
(suku kata) ing saben gatra.
Tembang
macapat wonten pinten-pinten pangartosan.
Kathah
ingkang mastani sekar macapat pamaosipun kapedhot 4-4 wanda, manawi boten
sekawan urut saking ngajeng gatra kawaos sekawan wanda kalajengaken
langkunganipun.
NAMANING SEKAR MACAPAT
Satunggaling
pamanggih, kangge pengeling-eling sekar macapat (11 sekar) kadidene
nggambaraken cakramanggiling tiyang
(daur hidup), saking lair ngantos pejah. Bab menika naming satunggaling usul,
bokmenawi taksih wonten pamanggih sanesipun. Sedaya kedah dipunkurmati, amrih
gampil mangertosipun.
1.
Bayi lair nama tembangipun :
Mijil
2.
Bayi saya ageng prelu dipunlatih mlampah nama tembangipun : Kinanthi
3.
Tuwuh dados remaja nama tembangipun si enom : Sinom
4.
Menawi enem nandhang asmara, nama tembangipun : Asmaradana
5.
Asmara menika endah, manis, nama tembangipun : Dhandhanggula
6.
Asmara ingkang nyawiji (gambuh) mangun kulawarga : Gambuh
7. Gesang tansaya sepuh,
penggalihanipun dereng menep antawasipun nepsu kadonya lan akherat, maksih
kambang- kambang, nama tembangipun :
Maskumambang
8. Penggalipun wiwit condhong
dhateng kapentingan ukhrowi utawi
akherat, nama tembangipun :
Durma
9. Yuswa sepuh, penggalihipun saya
ngungkurake kadonyan : Pangkur
10.Tiyang seda menika pegat/pedhot
ruhipun/nyawanipun :
Megatruh
11. Mayit dipunbuntel dados pocong :
Pocung
Istilah-istilah ing tembang macapat:
Ø Cakepan
yaiku tetembungan (lirik/syair) utawa unen-unen kang ana ing tembang.
Ø Laras
yaiku rasaning swara thinthingane gamelan. Laras diperang dadi loro, yaiku:
a.
Slendro
b.
Pelog
Ø Titi
laras (notasi) yaiku angka-angka kang minangka lelirune utawa gegantine wilahan
gamelan kang uga nggambarake swaraning siji-sijine wilahan gamelan.
a.
Titi laras Slendro,
angka-angkane: 1,2,3,5,6,1
b.
Titi laras Pelog,
angka-angkane: 1,2,3,4,5,6,7
Ø Cengkok
yaiku lak-luking swara kang kanggo nglagokake tembang. Dadi cengkok iku
mujudake “gaya utawa style” anggone nembangake gendhing.
Ngarang
tembang macapat iku ora angel, kapara gampang banget jalaran ing tembang
macapat wis ana wewaton kang gumathok. Wewaton iku awujud guru gatra, guru lagu
lan guru wilangan. Kajaba iku ana kalane dikantheni nganggo watak-watak
tembang.
Wewatone gatra, guru
wilangan lan guru lagu tembang macapat.
Aran
|
Gatra
|
||||||||||
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9
|
10
|
11
|
|
Pocung
|
12u
|
6a
|
8i
|
12a
|
|||||||
Maskumambang
|
12i
|
6a
|
8i
|
8a
|
|||||||
Gambuh
|
7u
|
10u
|
12i
|
8u
|
8o
|
||||||
Megatruh
|
12u
|
8i
|
8u
|
8i
|
8o
|
||||||
Mijil
|
10i
|
6o
|
10e
|
10i
|
6i
|
6u
|
|||||
Kinanthi
|
8u
|
8i
|
8a
|
8i
|
8a
|
8i
|
|||||
Asmarandana
|
8i
|
8a
|
8o/e
|
8a
|
7a
|
8u
|
8a
|
||||
Durma
|
12a
|
7i
|
6a
|
7a
|
8i
|
5a
|
7i
|
||||
Pangkur
|
8a
|
11i
|
8u
|
7a
|
12u
|
8a
|
8a
|
8i
|
|||
Sinom
|
8a
|
8i
|
8a
|
8i
|
7i
|
8u
|
7a
|
8i
|
12a
|
||
Dhandhanggula
|
10i
|
10a
|
8e
|
7u
|
9i
|
7a
|
6u
|
8a
|
12i
|
7a
|
Kabudayan jawi menika maneka warna,
kita saged syukur anggadahi kabudayan jawi wonten ing nagari kita, supados
saged nguri-nguri tembang macapat dados sawijining tembang ingkang saged dipun
lestariaken, salah sawijining inggih menika tembang mcapat.
Tembang yaiku reriptan utawa
dhapukaning basa mawa paugeran tartamtu (gumathok) kang pamacane kudu
dilagokake nganggo kagunan swara.Macapat iku tembang tradhisional ing
tanah Jawa. Saben bait macapat nduweni baris kalimat sing diarani gatra, lan
saben gatra nduwe sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi
nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.
Titi laras
utawa notasi gamelan jawa iku ana loro cacahe, yaiku slendro lan pelog
Slendro : Sak gembyang utawa sak oktaf kudu
ana 5 titi laras. Jarak/ interval nadane mesthi padha.
1 2
3 5 6
1
Ji
ro lu mo
nem ji
Pelog : Sak gembyang ana 7 titi laras.Jarak/ interval nadane bedha.
1
2 3 4
5 6 7
1
Ji
ro lu pat
mo nem pi
ji
Sinau Nembang Macapat
Ngelmu
iku kalakone kanthi laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pangekese dur angkara.
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pangekese dur angkara.
Best Online Slots & Mobile Casino Games - JtmHub
BalasHapusPlay over 400 free casino games including 김제 출장안마 slots, blackjack, roulette, 화성 출장안마 video poker, 광양 출장샵 keno and so much 김제 출장샵 more! 세종특별자치 출장마사지