NOVEL
Novel yaiku
cerita perjalanan uripe pawongan kang awujud prosa/gancaran.Novel kuwi asiling
kasusastran Jawa modern.Kadang uga dijupuk saka cerbung kang wis dikumpulake
dadi siji banjur dicithak dadi buku. Tuladhane yaiku novel “Sumpahmu Sumpahku”
dening Naniek kababar dening Yayasan Djaja Baja taun 1993. Novel kang ora saka
cerbung umpamane “Serat Riyanta” kang laris temenan lan ngedap-edabi ing taun
1920-an. Temane babagan kawin adat. Jaman biyen yen jejodhoan iku manut wong
tuwa. Nah, R.M Riyanto dijodhohake dening ibune R.A Natasewaya, kajodhohake
karo wanita sing jenenge ora dikandhakake. Mula banjur ngumbara, dadi pekathik
tukang ngopeni jaran.Kamangka R.M Riyanto iku priyayi luhur.Ing pangumbaran
kuwi ketemu jodhone dhewe (or manut ibune).Garwane yaiku R.A Srini, putrine
Kyai Adipati Pramayoga (biyene kancane Pangeran Natasewaya). Akhire
konangan,menawa pranyata kang bakal dijodhohake karo R.M Riyanto iku ya R.A
Srini. Sarwa kebeneren pancen.
Novel minangka
karangan imajinatif kang nyritakake kanthi utuh masalahe pawongan utawa tokohe.
Novel minangka sawijining karya fiksiprosa kang ditulis
kanthi naratif; biasane awujud cerita.Penulis novel diwasthaninovelis.Tembung
novel asale sakabahasa Italia novella kang tegese "sebuah
kisah atau sepotong berita".
Novel luwih dawa (udakara 40.000 wanda) lan luwih kompleks saka cerpen, lan ora
diwatesi keterbatasan struktural dan metrikal sandiwara
utawa sajak. Umume
novel nyeritaake tokoh-tokoh lan kelakuane ing
padinan, kanthi nitikberatake ing sisi-sisi kang aneh saka naratif kasebut.
Ing bahasa
Indonesia novel bedha karo roman. Roman alur ceritane luwih kompleks lan jumlah pemeran
utawa tokoh ceritane uga luwih akeh. Novel
dumadi saka unsur intrinsik lan ekstrinsik
A. Unsur
intrinsik, antarane yaiku
a.
Tema yaiku saripatine kang diandharake utawa kang
dicritakake
b.
Paraga utawa tokoh yaiku wong kang maragani crita
Paraga ana telu werna yaiku :
§ Paraga utama uatawa protagonist
§ Paraga mungsuh utawa antagonis
§ Paraga tambahan uatawa tritagonis
c.
Watak yaiku watake paraga siji lan sijine ing
sajroning crita
d.
Alur yaiku lakune cerita utawa urut-urutane cerita
Alur kagolongake dadi 3 :
§ Maju utawa progresif, yen anggone cerita saka kaanan saiki nganti
sateruse
§ Mundur utawa flashback, yen anggone cerita saka kaanan saiki terus
ngandharake kaanan sing kepungkur
§ Campuran
Ing alur diandharake bab ngenalake para paraga,
konflik/ prekarane para paraga lan kepriye para paraga ngrampungake prakarane.
e.
Latar utawa setting yaiku perangan kang nerangake
papan uatawa wektu kelakone kedadeyan
ing crita iku
f.
Sudut pandang yaiku kalungguhane pangripta ing
sajroning crita
g.
Gaya bahasa utawa lelewaning basa yaiku basa sing
digunakake pangripta ing sajroning cerita
h. Amanat utawa pesan yaiku pesen sing arep di aturake dening pangripta
marang pamaos, utawa pesen apa sing sinandhi ing crita iku
i.
Sinopsis utawa ringkesane crita
B. Unsur
Ekstrinsik
a. Faktor agama
b. Faktor ekonomi
c. Faktor pendidikan
d. Faktor sosial
e. Faktor budaya
C. Cerita
Nonfiksi
a. Hikayat
Hikayat yaiku cerita bab lelakon paragane
Tuladha : Hikayat Hang tuah,
hikayat bahtiar lan sapanunggale..
b. Babad
Babad yaiku crita sing ana bukti nyatane nanging uga ditambah crita sing
ngayawara
Tuladha : babad tanah Jawi, babad mataram, babad
kartasura lan sapanunggale
c. Sejarah
Sejarah yaiku crita sing ana bukti nyatane
Tuladha: Sejarahe
majapahit, sejarahe demak, sejarah kraton Yogyakarta lan sapanunggale
d. Roman
Roman yaiku crita sing nggambarake uriping wong wiwit lahir nganti mati.
Jinise roman warna warna, kayata roman adat, roman social, roman detektif lan
sapanunggalane.
D. Tuladha
Novel (Serat Riyanta)
Serat
Riyanta
Karya: R. B. Sulardi
Raden Ajeng
Srini lan R. M. Riyanta iku padha-padha trahing ngaluhur ing Sala. Ibune R. M.
Riyanta asmane R. Ayu Natasewaya. Cekaking crita R. M. Riyanta ngancik diwasa
nanging durung gelem duwe bojo lan senengane dolan.
Sejatine R. M. Riyanta dudu bocah
kang mursal, nanging ibunekwatir mengko selak nerak pagar ayu.Kabeh pituture
ibune supaya kersa ora dolan, ora digugu. Sing Nyrateni R. M. Riyanta, putrane
ponakan yaiku R. Ajeng Nesti.
Dhek nalika alun-alun lor ana
maleman, R. M. Riyanta diajak kancane nonton. Tan ocapa ndilalah ana kobongan,
nganti maleman meh bubar. Wong mlaku mulih padha salah tunjang.Nalika semana R.
M. Riyanta ngadeg ing pinggir dalan ngenteni kancane. Dumadakan katendhang
bocah wadon isih sumengit nangis kelangan wong tuwane. Saking welase bocahe
ditulung, diajak ngombe ing restoran salore Kreteg Gantung, Pasar Gedhe.Bocahae
ora gelem ngombe, ditakoni ora sumaur sajak isin.
Karo ngelapi eluhe bocah wadon
kang sulistya ing werna mau tansah clengaran ngingeti dalan gedhe.R. M. Riyanta
judheg.
Lagi ditinggal menyang kolah, R.
A. Srini mencolot mlayoni andhonge ramane kang ngebel-ngebelsajak nggoleki
putrane.
Tekan njero andhong megap-megap
ing pangkone ibune. Ditakoni ora semaur apa-apa, kejaba mung kandha yen
ditulungi wong lanang bagus, ning ora ngerti jenenge lan omahe. Umpama sesuk
ketemu bocahe, dheweke ora pangling.
Kaya ngapa kagete bareng R. M.
Riyanta nyengklak andhong sewan kersane arep ngoyak, nanging ora nggenah parane
lan jarane nglemer banget. Nganti meh esuk ora ketemu. Tekan dalem wis meh
subuh. Ing batin getun banget dene kok bisa kelangan lacak.Ibune duka banget,
putrane dinengake.Pandakwane ibune R. M. Riyanta mesthi dolan kang ora teges.
Ngerti yen ibune duka R. M. Riyanta ya mendel lan ngemong.
Ora kanyana sawijining dina ing
wayah esuk R. A. Nestri kelangan Mas Riya. Katone R. M. Riyanta isih turu,
jebul guling dikemuli.Jroning batin R. M. Riyanta kepengin lelana nggoleki
bocah kang ditemu ana ing pasar malem.Pancen nyata sulistya ing werna.
Bocah loro, R. M. Riyanta lan R.
A. Srini iki ketemu. Ketemune nalika R. A. Srini nengga gerahe ibune R. M.
Riyanta.Nalika R. M. Riyanta mireng yen ibune gerah njur kondur. Mirengke saka
ramane Srini, kan isih waris.
Bareng R. M. Riyanta mlebu kamare
ibune, padha kagete R. M. Riyanta lan R. A. Srini jebul wis ketemu, yaiku
nalika R. A. Srini ilang ditemu R. M. Riyanta. Wusanane genah-genahan lan dadi
garwane.
(Kapethik
saka Padha seneng Basa jawa)
KATRESNAN
KANG ANGKER (Suparto Brata)
Urip mawa katresnan iku angker, gawat, ngemu dosa, ora praktis,
ngruntuhake bebrayan donya. Dhek biyen kene iki wong murka, marga urip nandhang
katresnan. Saiki sakathahe katresnan marang wong liya-liya diilangi kabeh wae.
Katresnan kita iki, anaku mung kowe, anamu mung aku.
Dheweke tresna marang kowe, tresna kang paling suci,
tresnane seniman. Dheweke wani kurban apa wae kanggo mbelani kowe, kanggo
kasenenganmu. Delengen tangane kang abang gluprut getih iku.Iku uga bukti
katresnane.Tampanana.Yen ora, kowe deksiya, kowe nyiksa dheweke.
Kasugihan iku apa kanggo wong urip? Kasugihan iku mung
bandha lair. Bandha batin kang marakake urip iki krasa seger, nuwuhake
semangat, iku katresnan, tresna asmara. Tanpa kuwi urip iki dudu apa-apa, urip
iki muspra!
Aku kudu nampani paukuman.Aku pasrah, mlebu bui salawase
daklakoni. Nanging aku rumangsa menang bisa mungkasi reregeding donya lan
katresnanku keetampan. Aku menang!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar