Cari Blog Ini

Senin, 06 Agustus 2018

Sesorah/Pidhato


A.    Nyemak
Nyemak sambutan/tanggap wacana lan khotbah iku kalebu jinising  sesorah utawa medharsabda. Medharsabda utawa sesorah nduweni ancas medharake isining adicara kanthi cetha wela-wela, terang trawaca dene yen tanggap wacana kalebu jinising sesorah sing medharake atur panuwun lan sebab-sebab adicara kuwi diadani/dianakake.
Werdinipun sesorah utawi pidhato yaiku nglahirake gagasan, panemu utawa osking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing tumindak, kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangarsa sarta jiwaning manungsa. Mula sesorah kudu digladhi tansah nyinau sarta nulad para priyayi sing wis limpad.
Ø  Jinising metode sesorah ana 4, yaiku:
1.      Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskip
 Yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung.
2.      Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora nganggo diwaca ananging diapalake.
3.      Sesorah kanthi cara dadakan/impromtu
Yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe nskah luwih dhisik. Biasane metode iki ditindakake dening wong sing wis trampil sesorah lan kulina sesorah kanthi dadakan.
4.      Sesorah kanthi cara ekstemporan
Yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.
Ø  Supaya anggone sesorah runtut kudu gatekake urut-urutane (cengkorongan) sesorah/sambutan yaiku:
1.      Purwaka basa, nyakup Salam pambuka (uluk salam), Atur puji syukur, Atur panuwun, lan ancang-ancang narik kawigaten tumuju isi
2.      Isi /wigatining atur/ underaning perkara
3.      Dudutan/Simpulan arupa Pangarep-arep
4.      Wasana basa/Panutup, nyakup Atur panuwun, atur pangapura, lan salam panutup

B.     Bab wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah iku kudu nggatekake ing antarane (1) basa, (2) busana, (3) swara, (4) solah bawa/sikap
a.    Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa karma digunakake Manawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.
b.    Busana kang digunakake prayogane busana sing becik lan sopan, amerga ajining raga saka busana.
c.    Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget. Anggone ngucapake tetembungan sing cetha ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dimangerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong kang maca buku.
d.   Solah bawane wong kang sesorah iku kudu manteb lan teteg, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/dingkluk lan aja ndhangak.
                    Bab liyane sing kudu disingkiri gegayutan  karo solah bawa nalika sesorah antarane  polate besengut, gugup, ngguyu sing digawe-gawe, kerep ndeleng cathetan, ngobahake tangan/sikil, karo mloka-mlaku, ngadheg kaku kaya wong baris, tangan methentheng, tangan sedhakep lan tangan mlebu ing sak klambi utawa kathok.
     (Kapethik saking Pinter Sesorah.2005:4)

Description: D:\Data C\gambar\images.jpg

Sesorah utawi pidhato yaiku micara utawa nglairaken gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh.
Ancas sesorah
      Argumentatif : ngyakinake pamaos
      Atur kabar/ informatif
      Aweh panglipur
      Pangajak/ persuatif
      Deskriptif : paring gambaran

Kang prelu digatekake nalika nindakake tanggap wacana yaiku :
1. basa, tegese bisa ngolah basa kanthi becik
2. busana, tegese cocog karo kahanane
3. swara, tegese kudu teges lan cetha
4. solah bawa / patrap, tegese sikap kang prasaja, anteng, mate plan ora kaku
5. wirasa, tegese ngerti kahanan / swasana

C.    Tuladha Sesorah

Nuwun, kula nuwun

Bismillahirrahmanirrohim
Lumintuning pudyastawa saking gusti ingkang maha asih, ambabar daya pangariba ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Kacihna ing salebeting kalenggahan punika panjenengan saha kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan, katentreman, kabagyan sarta kabagaswarasan
Para pinisepuh sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para priyagung pangemban pangembating nagari ingkang anggung sinudarsana, sumrambah sangyaning para rawuh ingkang sinuba sagunging pakurmaten.
Datan kesupen kadang mudha tumaruna punapa dene kadang wreda, ingkang ing tembe ginadhang-gadhang sarta ginantha saget damel adeg jejeging sarta kuncaraning negari, ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga tansah ngonjukaken puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun anglur selur anggenipun paring rahmat hidayah saha inayahipun, satemah panjenengan saha kula saged pepenggihan kebak ing raos kabagyan.
Ingkang kaping kalih salawat saha salam kita haturaken kagem junjungan kita nabi agung, nabi ingkang nganteraken kita saking jaman jahiliyan dumugi jaman islamiyah inggih menika nabi Muhammad SAW
Ingkang saklajengipun, kaparenga kula ngaturaken agunging panuwun dumatheng gusti ingkang maha kuwaos amargi wonten ing negari Indonesia punika sampun kathah priyayi-priyayi estri ingkang sampun lumampah wonten ing nagari sapunika, ingkang cetha  wonten ing jeporo inggih menika Ibu kita Kartini ingkang lair wonten jeporo tanggal 21 april 1879, panjenengane kagungan sadulur wadon kang asmane Kartina.
Gegayuhane kartini inggih punika kagem mejangaken kaumipun tiyang estri, emansipasi wanita ingkang njajaraken kadudukanipun tiyang estri kaliyan kakung sami, panjenangipun uga mbangun sekolah kagem tiyang wadon kang ngajaraken ngenani nyerat, maos, njahit, surasanipun ingkang gegayutan kaliyan tiyang estri, gegayutanipun Ibu kartini ugi dipunterasaken kaliyan pahlawan estri saking Jawa barat ingkang asmanipun Dewi sartika. Lan karya sastranipun Ibu Kartini  arupi buku ingkang dipunkempalaken kaliyan tiyang walanda ingkang asmanipun Mr. abendanon inggih punika “Habis Gelap Terbitlah terang”. Saksampunipun krama kaliyan bupati rembang, Ibu kartini kagungan putra ingkang asmane Raden Susalit, ingkang saksampunipun sekawan dinten nglahirake putranipun lajeng priyayinipun seda. Punika wau sejarah singkat ngenani Ibu Kartini.
Jangkeping atur, kasuwun panjenengan sedaya
Ing wasana kula pribadi ingkang minangka talanging basa, hambokbilih kirang wijang wijiling wicara saha kirang subasita kula tansah anyenyandhang rumentahing pangaksama.
Jaya, jaya wijayanti kalis nir sambekala. Nuwun, matur nuwun
Billahi taufik walhidayah. Wassalamualaikum wr.wb

D.    Sangunipun Juru Sesorah
a)    Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
b)   Nduweni rasa wani
c)    Patrap utawa sikap
d)   Busana lan ngadi sarira
e)    Basa lan sastra
E.     Sajroning gawe naskah pidhato, kang wigati kudu nyiapake:
1)        Kudu nyiapake topik
2)        Golek lan ngumpulake bahan kayata kang jumbuh karo ancase, jumbuh karo kahanan wong sing ngrungokake lan golek referensi utawa sumber kang selaras
3)        Gawe ragangan pidhato, yaiku arupa okok-pokok pidhati sing bakal didadekake bahan utawa kang bakal didadekake paragrafparagraf ing naskah utwa peprincen (kerangka) kanga rep diomongake
4)        Nulis naskah pidhato (adhedhasar pokok-pokok pidhato kanthi nggatekake pilihan tembung/diksi kang mentes.

Flowchart: Punched Tape: Kawruh Sapala
 




Tembung Saroja
Sajroning sesorah akeh tinemu tembung saroja yaiku tembung loro kang nduweni teges padha utawa meh padha dienggo bebarengan kanggo nandhesake utawa nduweni teges mbangetake. Pangrangkepe ora kena diwalik, upamane tembung baya pakewuh ora kena diwalik dadi pakewuh baya, sato kewan ora kena diwalik dadi kewan sato.
Tuladha tembung saroja liyane:
a.         Welas asih
b.         Andhap asor
c.         Sumbang surung
d.        Was sumelang
e.         Angkat junjung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar