Cari Blog Ini

Senin, 06 Agustus 2018

Sesorah/Pidhato


A.    Nyemak
Nyemak sambutan/tanggap wacana lan khotbah iku kalebu jinising  sesorah utawa medharsabda. Medharsabda utawa sesorah nduweni ancas medharake isining adicara kanthi cetha wela-wela, terang trawaca dene yen tanggap wacana kalebu jinising sesorah sing medharake atur panuwun lan sebab-sebab adicara kuwi diadani/dianakake.
Werdinipun sesorah utawi pidhato yaiku nglahirake gagasan, panemu utawa osking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing tumindak, kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangarsa sarta jiwaning manungsa. Mula sesorah kudu digladhi tansah nyinau sarta nulad para priyayi sing wis limpad.
Ø  Jinising metode sesorah ana 4, yaiku:
1.      Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskip
 Yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung.
2.      Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora nganggo diwaca ananging diapalake.
3.      Sesorah kanthi cara dadakan/impromtu
Yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe nskah luwih dhisik. Biasane metode iki ditindakake dening wong sing wis trampil sesorah lan kulina sesorah kanthi dadakan.
4.      Sesorah kanthi cara ekstemporan
Yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.
Ø  Supaya anggone sesorah runtut kudu gatekake urut-urutane (cengkorongan) sesorah/sambutan yaiku:
1.      Purwaka basa, nyakup Salam pambuka (uluk salam), Atur puji syukur, Atur panuwun, lan ancang-ancang narik kawigaten tumuju isi
2.      Isi /wigatining atur/ underaning perkara
3.      Dudutan/Simpulan arupa Pangarep-arep
4.      Wasana basa/Panutup, nyakup Atur panuwun, atur pangapura, lan salam panutup

B.     Bab wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah iku kudu nggatekake ing antarane (1) basa, (2) busana, (3) swara, (4) solah bawa/sikap
a.    Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa karma digunakake Manawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.
b.    Busana kang digunakake prayogane busana sing becik lan sopan, amerga ajining raga saka busana.
c.    Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget. Anggone ngucapake tetembungan sing cetha ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dimangerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong kang maca buku.
d.   Solah bawane wong kang sesorah iku kudu manteb lan teteg, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/dingkluk lan aja ndhangak.
                    Bab liyane sing kudu disingkiri gegayutan  karo solah bawa nalika sesorah antarane  polate besengut, gugup, ngguyu sing digawe-gawe, kerep ndeleng cathetan, ngobahake tangan/sikil, karo mloka-mlaku, ngadheg kaku kaya wong baris, tangan methentheng, tangan sedhakep lan tangan mlebu ing sak klambi utawa kathok.
     (Kapethik saking Pinter Sesorah.2005:4)

Description: D:\Data C\gambar\images.jpg

Sesorah utawi pidhato yaiku micara utawa nglairaken gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh.
Ancas sesorah
      Argumentatif : ngyakinake pamaos
      Atur kabar/ informatif
      Aweh panglipur
      Pangajak/ persuatif
      Deskriptif : paring gambaran

Kang prelu digatekake nalika nindakake tanggap wacana yaiku :
1. basa, tegese bisa ngolah basa kanthi becik
2. busana, tegese cocog karo kahanane
3. swara, tegese kudu teges lan cetha
4. solah bawa / patrap, tegese sikap kang prasaja, anteng, mate plan ora kaku
5. wirasa, tegese ngerti kahanan / swasana

C.    Tuladha Sesorah

Nuwun, kula nuwun

Bismillahirrahmanirrohim
Lumintuning pudyastawa saking gusti ingkang maha asih, ambabar daya pangariba ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Kacihna ing salebeting kalenggahan punika panjenengan saha kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan, katentreman, kabagyan sarta kabagaswarasan
Para pinisepuh sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para priyagung pangemban pangembating nagari ingkang anggung sinudarsana, sumrambah sangyaning para rawuh ingkang sinuba sagunging pakurmaten.
Datan kesupen kadang mudha tumaruna punapa dene kadang wreda, ingkang ing tembe ginadhang-gadhang sarta ginantha saget damel adeg jejeging sarta kuncaraning negari, ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga tansah ngonjukaken puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun anglur selur anggenipun paring rahmat hidayah saha inayahipun, satemah panjenengan saha kula saged pepenggihan kebak ing raos kabagyan.
Ingkang kaping kalih salawat saha salam kita haturaken kagem junjungan kita nabi agung, nabi ingkang nganteraken kita saking jaman jahiliyan dumugi jaman islamiyah inggih menika nabi Muhammad SAW
Ingkang saklajengipun, kaparenga kula ngaturaken agunging panuwun dumatheng gusti ingkang maha kuwaos amargi wonten ing negari Indonesia punika sampun kathah priyayi-priyayi estri ingkang sampun lumampah wonten ing nagari sapunika, ingkang cetha  wonten ing jeporo inggih menika Ibu kita Kartini ingkang lair wonten jeporo tanggal 21 april 1879, panjenengane kagungan sadulur wadon kang asmane Kartina.
Gegayuhane kartini inggih punika kagem mejangaken kaumipun tiyang estri, emansipasi wanita ingkang njajaraken kadudukanipun tiyang estri kaliyan kakung sami, panjenangipun uga mbangun sekolah kagem tiyang wadon kang ngajaraken ngenani nyerat, maos, njahit, surasanipun ingkang gegayutan kaliyan tiyang estri, gegayutanipun Ibu kartini ugi dipunterasaken kaliyan pahlawan estri saking Jawa barat ingkang asmanipun Dewi sartika. Lan karya sastranipun Ibu Kartini  arupi buku ingkang dipunkempalaken kaliyan tiyang walanda ingkang asmanipun Mr. abendanon inggih punika “Habis Gelap Terbitlah terang”. Saksampunipun krama kaliyan bupati rembang, Ibu kartini kagungan putra ingkang asmane Raden Susalit, ingkang saksampunipun sekawan dinten nglahirake putranipun lajeng priyayinipun seda. Punika wau sejarah singkat ngenani Ibu Kartini.
Jangkeping atur, kasuwun panjenengan sedaya
Ing wasana kula pribadi ingkang minangka talanging basa, hambokbilih kirang wijang wijiling wicara saha kirang subasita kula tansah anyenyandhang rumentahing pangaksama.
Jaya, jaya wijayanti kalis nir sambekala. Nuwun, matur nuwun
Billahi taufik walhidayah. Wassalamualaikum wr.wb

D.    Sangunipun Juru Sesorah
a)    Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
b)   Nduweni rasa wani
c)    Patrap utawa sikap
d)   Busana lan ngadi sarira
e)    Basa lan sastra
E.     Sajroning gawe naskah pidhato, kang wigati kudu nyiapake:
1)        Kudu nyiapake topik
2)        Golek lan ngumpulake bahan kayata kang jumbuh karo ancase, jumbuh karo kahanan wong sing ngrungokake lan golek referensi utawa sumber kang selaras
3)        Gawe ragangan pidhato, yaiku arupa okok-pokok pidhati sing bakal didadekake bahan utawa kang bakal didadekake paragrafparagraf ing naskah utwa peprincen (kerangka) kanga rep diomongake
4)        Nulis naskah pidhato (adhedhasar pokok-pokok pidhato kanthi nggatekake pilihan tembung/diksi kang mentes.

Flowchart: Punched Tape: Kawruh Sapala
 




Tembung Saroja
Sajroning sesorah akeh tinemu tembung saroja yaiku tembung loro kang nduweni teges padha utawa meh padha dienggo bebarengan kanggo nandhesake utawa nduweni teges mbangetake. Pangrangkepe ora kena diwalik, upamane tembung baya pakewuh ora kena diwalik dadi pakewuh baya, sato kewan ora kena diwalik dadi kewan sato.
Tuladha tembung saroja liyane:
a.         Welas asih
b.         Andhap asor
c.         Sumbang surung
d.        Was sumelang
e.         Angkat junjung

Novel


NOVEL

Description: D:\Data C\gambar\novel.jpg

Novel yaiku cerita perjalanan uripe pawongan kang awujud prosa/gancaran.Novel kuwi asiling kasusastran Jawa modern.Kadang uga dijupuk saka cerbung kang wis dikumpulake dadi siji banjur dicithak dadi buku. Tuladhane yaiku novel “Sumpahmu Sumpahku” dening Naniek kababar dening Yayasan Djaja Baja taun 1993. Novel kang ora saka cerbung umpamane “Serat Riyanta” kang laris temenan lan ngedap-edabi ing taun 1920-an. Temane babagan kawin adat. Jaman biyen yen jejodhoan iku manut wong tuwa. Nah, R.M Riyanto dijodhohake dening ibune R.A Natasewaya, kajodhohake karo wanita sing jenenge ora dikandhakake. Mula banjur ngumbara, dadi pekathik tukang ngopeni jaran.Kamangka R.M Riyanto iku priyayi luhur.Ing pangumbaran kuwi ketemu jodhone dhewe (or manut ibune).Garwane yaiku R.A Srini, putrine Kyai Adipati Pramayoga (biyene kancane Pangeran Natasewaya). Akhire konangan,menawa pranyata kang bakal dijodhohake karo R.M Riyanto iku ya R.A Srini. Sarwa kebeneren pancen.
Novel minangka karangan imajinatif kang nyritakake kanthi utuh masalahe pawongan utawa tokohe.
Novel minangka sawijining karya fiksiprosa kang ditulis kanthi naratif; biasane awujud cerita.Penulis novel diwasthaninovelis.Tembung novel asale sakabahasa Italia novella kang tegese "sebuah kisah atau sepotong berita".
Novel luwih dawa (udakara 40.000 wanda) lan luwih kompleks saka cerpen, lan ora diwatesi keterbatasan struktural dan metrikal sandiwara utawa sajak. Umume novel nyeritaake tokoh-tokoh lan kelakuane ing  padinan, kanthi nitikberatake ing sisi-sisi kang aneh saka naratif kasebut.
Ing  bahasa Indonesia novel bedha karo roman. Roman alur ceritane luwih kompleks lan jumlah pemeran utawa tokoh ceritane uga luwih akeh. Novel dumadi saka unsur intrinsik lan ekstrinsik

A.    Unsur intrinsik, antarane yaiku
a.       Tema yaiku saripatine kang diandharake utawa kang dicritakake
b.      Paraga utawa tokoh yaiku wong kang maragani crita
Paraga ana telu werna yaiku :
§  Paraga utama uatawa protagonist
§  Paraga mungsuh utawa antagonis
§  Paraga tambahan uatawa tritagonis
c.       Watak yaiku watake paraga siji lan sijine ing sajroning crita
d.      Alur yaiku lakune cerita utawa urut-urutane cerita
Alur kagolongake dadi 3 :
§  Maju utawa progresif, yen anggone cerita saka kaanan saiki nganti sateruse
§  Mundur utawa flashback, yen anggone cerita saka kaanan saiki terus ngandharake kaanan sing kepungkur
§  Campuran
Ing alur diandharake bab ngenalake para paraga, konflik/ prekarane para paraga lan kepriye para paraga ngrampungake prakarane.
e.       Latar utawa setting yaiku perangan kang nerangake papan uatawa wektu kelakone   kedadeyan ing crita iku
f.       Sudut pandang yaiku kalungguhane pangripta ing sajroning crita
g.      Gaya bahasa utawa lelewaning basa yaiku basa sing digunakake pangripta ing sajroning cerita
h.      Amanat utawa pesan yaiku pesen sing arep di aturake dening pangripta marang pamaos, utawa pesen apa sing sinandhi ing crita iku
i.        Sinopsis utawa ringkesane crita

B.     Unsur Ekstrinsik
a.       Faktor agama
b.      Faktor ekonomi
c.       Faktor pendidikan
d.      Faktor sosial
e.       Faktor budaya

C.    Cerita Nonfiksi
a.    Hikayat
Hikayat yaiku cerita bab lelakon paragane
Tuladha       : Hikayat Hang tuah, hikayat bahtiar lan sapanunggale..
b.    Babad
Babad yaiku crita sing ana bukti nyatane nanging uga ditambah crita sing ngayawara
Tuladha       :  babad tanah Jawi, babad mataram, babad kartasura lan sapanunggale
c.    Sejarah
Sejarah yaiku crita sing ana bukti nyatane
Tuladha: Sejarahe majapahit, sejarahe demak, sejarah kraton Yogyakarta lan sapanunggale
d.   Roman
Roman yaiku crita sing nggambarake uriping wong wiwit lahir nganti mati. Jinise roman warna warna, kayata roman adat, roman social, roman detektif lan sapanunggalane.

D.    Tuladha Novel (Serat Riyanta)

Serat Riyanta
Karya: R. B. Sulardi

Raden Ajeng Srini lan R. M. Riyanta iku padha-padha trahing ngaluhur ing Sala. Ibune R. M. Riyanta asmane R. Ayu Natasewaya. Cekaking crita R. M. Riyanta ngancik diwasa nanging durung gelem duwe bojo lan senengane dolan.
Sejatine R. M. Riyanta dudu bocah kang mursal, nanging ibunekwatir mengko selak nerak pagar ayu.Kabeh pituture ibune supaya kersa ora dolan, ora digugu. Sing Nyrateni R. M. Riyanta, putrane ponakan yaiku R. Ajeng Nesti.
Dhek nalika alun-alun lor ana maleman, R. M. Riyanta diajak kancane nonton. Tan ocapa ndilalah ana kobongan, nganti maleman meh bubar. Wong mlaku mulih padha salah tunjang.Nalika semana R. M. Riyanta ngadeg ing pinggir dalan ngenteni kancane. Dumadakan katendhang bocah wadon isih sumengit nangis kelangan wong tuwane. Saking welase bocahe ditulung, diajak ngombe ing restoran salore Kreteg Gantung, Pasar Gedhe.Bocahae ora gelem ngombe, ditakoni ora sumaur sajak isin.
Karo ngelapi eluhe bocah wadon kang sulistya ing werna mau tansah clengaran ngingeti dalan gedhe.R. M. Riyanta judheg.
Lagi ditinggal menyang kolah, R. A. Srini mencolot mlayoni andhonge ramane kang ngebel-ngebelsajak nggoleki putrane.
Tekan njero andhong megap-megap ing pangkone ibune. Ditakoni ora semaur apa-apa, kejaba mung kandha yen ditulungi wong lanang bagus, ning ora ngerti jenenge lan omahe. Umpama sesuk ketemu bocahe, dheweke ora pangling.
Kaya ngapa kagete bareng R. M. Riyanta nyengklak andhong sewan kersane arep ngoyak, nanging ora nggenah parane lan jarane nglemer banget. Nganti meh esuk ora ketemu. Tekan dalem wis meh subuh. Ing batin getun banget dene kok bisa kelangan lacak.Ibune duka banget, putrane dinengake.Pandakwane ibune R. M. Riyanta mesthi dolan kang ora teges. Ngerti yen ibune duka R. M. Riyanta ya mendel lan ngemong.
Ora kanyana sawijining dina ing wayah esuk R. A. Nestri kelangan Mas Riya. Katone R. M. Riyanta isih turu, jebul guling dikemuli.Jroning batin R. M. Riyanta kepengin lelana nggoleki bocah kang ditemu ana ing pasar malem.Pancen nyata sulistya ing werna.
Bocah loro, R. M. Riyanta lan R. A. Srini iki ketemu. Ketemune nalika R. A. Srini nengga gerahe ibune R. M. Riyanta.Nalika R. M. Riyanta mireng yen ibune gerah njur kondur. Mirengke saka ramane Srini, kan isih waris.
Bareng R. M. Riyanta mlebu kamare ibune, padha kagete R. M. Riyanta lan R. A. Srini jebul wis ketemu, yaiku nalika R. A. Srini ilang ditemu R. M. Riyanta. Wusanane genah-genahan lan dadi garwane.
(Kapethik saka Padha seneng Basa jawa)




KATRESNAN KANG ANGKER           

Description: Katresnan Kang AngkerUrip mawa katresnan iku angker, gawat, ngemu dosa, ora praktis, ngruntuhake bebrayan donya. Dhek biyen kene iki wong murka, marga urip nandhang katresnan. Saiki sakathahe katresnan marang wong liya-liya diilangi kabeh wae. Katresnan kita iki, anaku mung kowe, anamu mung aku.
Dheweke tresna marang kowe, tresna kang paling suci, tresnane seniman. Dheweke wani kurban apa wae kanggo mbelani kowe, kanggo kasenenganmu. Delengen tangane kang abang gluprut getih iku.Iku uga bukti katresnane.Tampanana.Yen ora, kowe deksiya, kowe nyiksa dheweke.
Kasugihan iku apa kanggo wong urip? Kasugihan iku mung bandha lair. Bandha batin kang marakake urip iki krasa seger, nuwuhake semangat, iku katresnan, tresna asmara. Tanpa kuwi urip iki dudu apa-apa, urip iki muspra!
Aku kudu nampani paukuman.Aku pasrah, mlebu bui salawase daklakoni. Nanging aku rumangsa menang bisa mungkasi reregeding donya lan katresnanku keetampan. Aku menang!