Cari Blog Ini

Jumat, 06 September 2013

Sesorah atur tampi penganten


Nuwun, Assalamualaikum, wr wb.
Para sesepuh pinisepuh ingkang wajib kinabekten,
Ibu-ibu saha bapak- bapak ingkang kinurmatan,
Kadang- kadang mudha ingkang kinasih,
Langkung rumuyin keparenga kula naturaken puja puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti ingkang Hamengku Gesang, awit dene sampun kepareng paring kanugrahan wujud panjangkung saha pangayoman dumateng Panjenengan sami, ngantos kanthi basuki raharja saget rawuh wonten ing dalem ngiki.
Ingkang angka kalih, mirungganipun dumateng Bapa...(asmanipun wakil besan) minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapa .....( asmanipun besan) ingkang dahat kinurmatan, tuwin bapak .....( besan) dalah garwa ingkang kinasih.
Tumanggap dumateng menapa ingkang dados wosipun pangandikan Bapa ..... ( besan) lumantar panjenengan keparenga kula minangka sulih sariranipun Bapak/raka/ rayi..... ( asmanipun ingkang kagungan kersa ) matur bilih saestu andadosaken trenyuhing panggalihipun Bapak/raka/rayi.... ( asmanipun ingkang kagungan kersa) dalah ibu dupi nampi peparing Panjenengan ingkang awujud sanggan srah-srahan minangka tandha paningset tumrap sesambetanipun nimas ayu.... (asmanipun penganten putri) kaliyan anakmas bagus..... (asmanipun penganten kakung) ingkang ugi minangka tangsuling pasedherekan antawisipun kulawarga bapak..... kaliyan kulawarga bapak......
Bapak .... ( asmanipun ingkang kagungan kersa) sarimbit rumaos kedhawahan sekar cepaka saredi anakan nampi peparing punika, tuwin rumaos kaluberan seganten madu nampi palimarma Panjenengan dene krekad tuwin sedya angukub nimas ayu.... minangka jatu kramanipun anakmas bagus...., ingkang ateges karasuk dados putra Panjenengan. Awit manawi kawawas kanthi wening ing panggalih, tuhu mboten timbang  kalamun kabobot, awit dene nimas ayu....namung trahing  pidarakan ibarat thukulan jarak ingkang tanpa drajat, pangkat minggahipun tebih saking semat, dasar tuna ing rupi, kiranging trapsila saha subasita awit tanggel ing ngelmu sah kiranging seserepananing bebrayan. Pramila keparenga ugi Bapak ..... nyuwun kanthi sanget dumateng bapak.... dalah ibu kersaa ngrengkuh nimas ayu ..... dados putra piyambak saha paring panggula wenthah ngantos saged mandireng wanita utama. Saengga ing tembe wingkingipun mugi-mugi sampun ngantos andadosaken cuwaning panggalihipun bapak.... ( asmanipun besan ) saha anak mas bagus....( asmanipun manten kakung) .
Tumprap sedaya peparing panjenengan sanadyan tanpa pangaos kawawas saking ngarsanipun Bapak.... ( Besan ), nanging tuhu ageng pangaosipun tumrap bapak ....( ingkang kagungan kersa).
Ing wasana sepisan malih bapak...(besan)sakulawarga tuwin nimas ayu... ngaturaken agunging panuwun tumrap sedaya peparing panjenengan ingkang mujudaken kasoking sih sutresna Panjenengan.
Kula piyambak minangka talanging aturipun Bapak/raka/ rayi.... nyadhong sih pangapunten mbok bilih wonten cewetipun atus saha kiranging subasita.
Nuwun, wassalamualaikum wr, wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar