Cari Blog Ini

Rabu, 09 November 2011

Ulangan Harian I kls XII


ULANGAN HARIAN 1
Mata Pelajaran                 : Bahasa Jawa
Satuan Pendidikan            : SMK
Kelas / Prog. Keahlian      : XII / SKK
Waktu                              : 45 Menit


A.Wenehana tanda ping (X) aksara a, b, c, d utawa e sangarepe pratelan kang bener!


1.   Nalika nanggapi pawarta kita kudu nduweni sikap kang evaluative. Apa tegese…
a.   Ngadepi pawarta kanthi apa anane
b.   Milih nanggapi pawarta kang dadi pawarta utama
c.   Nglakokake penilaian marang pawarta kang diwaca
d.   Nanggapi pawarta kanthi lengkap
e.   Nggathukake isi pawarta karo kasunyatan
2.      Pawarta iku lumrahe kamuat ana…
a.   Layang kabar     d. brosur
b.   Wara-wara         e. pamflet
c.   spanduk
3.      Katrangan babagan prastawa kang lagi anget-angete dilaporke diarani…
a.   Pawarta            d. Diskusi
b.   Seminar            e. musyawarah
c.   Wawancara
4.      Kabupaten klaten ngadani adicara pesta rakyat. Grebek syawalan tradisional 2007, senen(22/10) , ing gumuk sidoguro ing papan wisata rawa jomboran,deso krakitan pawarto ing dhuwur irah-irahan kang trep yaiku…
a.     Klaten nggelar grebeg syawal
b.    Grebeg syawal ing klaten
c.     Warga klaten syawalan
d.    Tradisi syawalan
e.     Upacara rebutan gunungan
5.      Pawarta kang apik iku kudu handuweni unsur 5W+1H, ing ngisor iki kang kalebu unsur 5W+1H, kajaba….
a.                     a     Sapa                d. Ana ngendi
b.                      b     Kepriye             e. diarani apa
c.                      c       Apa
6.      Pengurus Osis kang anyar rencanane arep dilantik dening kepala sekolah. Jawaban ing duwur asale saka pitakon bab…
a.     Sapa                           d. kapan
b.    Kepriye                        e. apa
c.     Ana ing ngendi
7.      “Simbah nganggo kaca mata kanggo maca”
Yen disalin dadi karma alus yaiku…
a.     Eyang nganggo kaca mata kanggo maca
b.    Simbah ngangge kaca tingal kangge maca
c.     Eyang ngangge kaca tingal kangge maca
d.    Simbah ngangge kaca tingal kangge maca
e.     Eyang nganggo kaca tingal kangge maca
8.      “adiku durung gelem mlebu sekolah”
Yen disalin dadi karma alus yaiku…
a.     Rayi kula durung gelem mlebu sekolah
b.    Rayi kula dereng purun mlebet sekolah
c.     Adhiku dereng gelem mlebet sekolah
d.    Adhi kula dereng purun mlebet sekolah
e.     Adhiku dereng purun mlebu sekolah
9.      Adhiku lagi adus.
Bapak nembe….
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing duwur…
a.     Wungu             c. Siram            e. Sare
b.    Adus               d. pakpung
10.    Aku nonton wayang ing TV
Simbah…….acara ketoprak mau dalu.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur….
a.     Priksa              c. ningali           e. ngertos
b.    Mriksani           d. Nonton
11.    Wilujeng dalu para pamiyarsa, kapanggih malih kaliyan kula…”
Tembung kang miring kuwi handuweni teges….
a.     Kumpul            c. Gabrusan      e. melu
b.    Adu arep          d. Ketemu
12.    Kala wingi kula sampun matur bapak.
Bapak….. yen ibu ora tindak..
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing duwur….
a.     Omong            c. Matur            e. Ningali
b.    Ngendika         d. Cerita
13.    Panjenengan mundhut ngampil sinten? Mundhut ngampil, tegese…..
a.     Nyilih               c. Ijolanggon     e. Njaluk
b.    Nyoba             d. Tuku
14.    Kang dadi sumbere kanggo kagiyatan gawe ringkesan teks yaiku…
a.     Pidhato                        d. Pawarta radio
b.    Layang pribadi             e. Karangan buku
c.     Pawarta TV
15.    Nalika gawe ringkesan teks kang kudu dipertahanake utawa diajegake yaiku…
a.     Cacahing paragraph
b.    Tembung kang digunakake
c.     Gagasan asline
d.    Ukara-ukarane
e.     Cacahing tembunge
16.    Luwih becike nalika gawe ringkesan teks digunakake ukara….
a.     Tanduk c. Tunggal         e.Tanggap
b.    Elips                d. Campuran
17.    Kang kudu digatekake nalika gawe ringkesan teks, kajaba….
a.     Maca asli naskah
b.    Nyatet gagasan kang dianggap penting
c.     Mengerteni maksud lan tujuane isi teks
d.    Gawe gunggunan gagasan kang dianggap penting
e.     Nakokake jati dirine pengarang
18.    Wujud ringkesan sawijining bentuk karangan utawa teks iku diarani….
a.     Ringkesan teks             d. paragrap
b.    Wacanan                      e. Sinopsis
c.     Ukara
19.    Sajroning gawe ngokah pidhato, kang wigati kaya pratelan iki, kajaba…
a.     Nulis naskah
b.    Sing diomongake cetha
c.     Gawe ragangan
d.    Nyiapake topic
e.     Golek lan ngumpulake bahan
20.    Perangan kang nelakake njaluk pangapura sajroning tanggap sabda iku mapan ing…
a.     Purwaka basa               d. Surasa basa
b.    Wasana basa               e. salam panutup
c.     Pangarep-arep
21.    Assalamualaikum wr.wb ing sajroning tanggap sabda iku diarani…
a.     Bebuka            c. peprenah       e.irah-irah
b.    Wasana basa   d. salam pambuka
22.    Kang kudu digatekake nalika pidhato yaiku…
a.     Intonasi                        d. Penampilan
b.    Pamirsa                       e. Naskah pidhato
c.     Papan panggonan
23.    Metodhe pidato digunakake dening wong kang nembe ajar pidhato kanthi cara nyawisake teks banjur diapalake diarani…
a.     Metode apalan             d. metode naskah
b.    Metode ekstemporan    e.Metode campura
c.     Metode impromptu
24.    Pidhato uga diarani
a.     Diskusi                        c. Khotbah        e. Sesorah
b.    Rapat                           d. Wara-wara
25.    Orasi utawa kampanye kalebu jinising…
a.     Wejangan                     d. khotbah
b.    Wawan rembug            e. wara-wara
26.    Kang ora kalebu kabisan kang kudu diduweni pambiwara yaiku..
a.     Handuweni selera humor
b.    Kudu bisa improvisasi
c.     Kudu duwe persiapan kang mateng
d.    Handuweni rupa kang ayu utawa bagus
e.     Bisa gawe penasaran lan antusiasme
27.    Acara resepsi pernikahan iku kalebu jinising acara kang migunakake pambiwara. Acara resepsi pernikahan kalebu jinising acara….
a.     Semi formal     d. Dinas
b.    Formal             e. tukang pidhato
c.     Santai
28.    Kang mranata lumakuning acara…
a.     Pranata lumaksitha       d. Pranata agama
b.    Pranata biwara             e. Pranata suara
c.     Pranata cara
29.    Adicara sampun paripurna, paripurna ateges
a.     Diwiwiwti                      d. Durung wiwiti
b.    Wektu ngaos                e. salam pambuka
c.     Dipungkasi
30.    Susunan acara iku lumrahe disampekake dening….
a.     Narator                        d. Orator
b.    Moderator                    e. pambiwara
c.     Pimpinan rapat
31.    Nganakake pirembugan ngenani rumusan acara kang bakal dilaksanakake iku dirembug karo…
a.     Pambiwara  c. Panitia      e.Pewawancara
b.    Audiens      d. Pamiarsa
32.    Maca skimming iku padhanane tembung maca…
a.     Cepet  c.Intensif           e. Grambyangan
b.    Bathin  d. Endah
33.    Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane maca grambyangan yaiku…
a.     Maca pawarta              
b.    Maca geguritan
c.     Nggoleki nomer telepon ing buku telepon
d.    Nggoleki isine gancaran
e.     Maca wara-wara
34.    Anggemane kang atur pasrah lumrahe nganggo sandhangan…
a.     Jaket               d. Kejawen
b.    Olah raga         e. Celana ketat
c.     kaos oblong
35.    Atur pastrah basane ditindakake..
a.     Sawise adicara panggih
b.    Sawise kirap temanten
c.     Sadurunge panggih temanten
d.    Sadurunge kirap temanten
e.     Sawise adicara paripurna

Tidak ada komentar:

Posting Komentar