Cari Blog Ini

Minggu, 20 November 2011

cerita rakyat suwawal

Asal usul Desa Suwawal


Jaman mbiyen ana salah sawijine Punggowo saka Kraton Majapahit sing ana ing wilayah Kadipaten Tuban. Punggowo mau mangumbara nganti tekan tlatah Kadipaten ujung poro ingkang sakniki di arani Kutha Jepara. Sing manggon ana ing ereng- erenge Gunung Muria sisih Lor Kulon. Punggowo mau yaiku :

Ø Mbah Ronggo Wiji

Ø Singo Truno

Ø Singo Yudho

Ø Puspa Yudha

Ø Singo Blendhan

Ø Lan Mbah Murah

Olehe mangumbara mau tekan daerah utawa wilayah kang tasih alas grotan. Punggowo mau banjur nganakake rembug utawa kumpul ana ing wilayah kang saiki dadi Pasar Suwawal. Wong- wong mau nganakake babad alas, olehe mbabad mau migunakake piso kang di arani piso wawal mulo desa mau diarani Desa Suwawal. Banjur ngambakake alas nganti ana wit sing gedhe . Wit mau di arani wit Pakis. Ing skitare wit mau di nggo persinggahane Mbah Murah nganti sedo lan dimakamake ana ing kono nganti saiki di jenengi Punden Murah utawa Pakis Aji. Sak bare kuwi Punggowo mau ora dadi siji meneh, ananging podho mencar dhewe- dhewe. Mbah Ronggo Wiji manggon utawa singgah ing sawijining wilayah kang di arani desa Kawak. Banjur ing kono kuwi ngedhekake Masjid nganti sidane Mbah Ronggo Wiji dimakamake ing kono. Nganti saiki diarani Punden Kawak ( Mbah Kawak ). Mbah Singo ana ing Desa Suwawal kang makame ana ing sisih wetan sing saiki diarani Bumi Perkemahan lan Mbah Singo Truna dimakamake ana ing daerah kulon kang saiki diarani Tegalrejo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar