Cari Blog Ini

Rabu, 09 November 2011

Asal-Usul Alal Bihalal

Asal-Usul Alal Bihalal

Alal bihalal ana sing nyebut halal bihalal, jare mujudake tradhisine wong Jawa. Ing Arab dhewe ora ngenal babagan kasebut. Banjur kepriye mungguh asal-usule, lan kapan anane? Adat alal bihalal iki sing genah durung kocap ing jaman Wali Sanga samangsane Kraton Demak Bintara, uga ora tinemu ing nata binathara Mataram.
Alal bihalal kena diarani adapt anyar pasca jaman kamardikan. Miturut Ir. H. Sena Hadisumitra asal-usule adapt kaebut kawiwitan nalika ibukota pamarentahan dipindhah menyang Ngayogyakarta. Para panggedhening Negara melu boyong merlokake silaturahmi karo Sultan HB IX sarta kulawarga agung Kraton Ngayogyakarta. Awit asile rinasa becik bisa nyentosakaken persatuan lan kesatuan nasional, silaturahmi mau banjur sumrambah ing madyaning masyarakat dadi cikal bakale Halal Bihalal.
Versi liyane nyebut Halal Bihalal nembe tuwuh ing akhir kekuwasaane PB X, watara taun 1935-nan. Kaya andharan ing ngarep, saben nyedhaki Riyaya ing sala mesthi ana krameyan Maleman Sriwedari. Saka sakabehing wong dodolan ana saweneh pedhagang martabak bangsa India. Jongose pribumi Jawa. Tugase nggoreng lan nyurung grobag. Kerep-kerepe nggelar dagangane ing sangarepe gapura Sriwedari. Amrih larise, jongos mau bengak-bengok tanpa kendhat karo thang-theng nuthuki wajan nawakake dagangane tuwane, “martabak Malabar, halal bin halal, halal bin halal”. Awit akeh sing krungu, pakulinane jongos kasebut suwe-suwe ditirokake dening sadhengah wong, mligine bocah-bocah, “Martabak-martabak, halalbehalal”(Dra. H. Abdul Mun’im Apt. MM, 70 taun Drs. Sunarto Prawirosujanto, Rintisan Pembangunan Farmasi Indonesia, 1997:64)
Ukara mau sabanjure dadi popular banget. Dolan menyang Sriwedari ngepasi riyaya disebut halabihalal. Lunga saka ngomah nganggo sandhangan necis mertamu menyang tangga utawa sanak kadang uga diarani halalbihalal.
(Kapethik saka Panyebar Semangat.2007.46:8

Tidak ada komentar:

Posting Komentar