Cari Blog Ini

Rabu, 09 November 2011

Kanjeng Kalijaga Minangka Budayawan

Ngrembug bab mekar-tumangkare kabudayan Nuswantara mligine Tlatah Jawa, Ikuora bisa dipisahake kelawan pasok-adhile Kanjeng Sunan Kalijaga, apadene para wali liyane. Sijining jejibahan luhur nyebarake Islam. Ing madyaning masyarakat, dudu ayahan kang gampang tegese mbutuhake pirang-pirang jurus lan srategi kang peng-pengan, luwih-luwih nedya nlusupake kabudayan mligi, marang kabudayan kang wus kenceng lumaku. Ing antarane tembang Ilir-Ilir.
Tembang Ilir-Ilir mengku teges kaya ngisor iki:
Ilir-ilir, ilir-ilir, tandure wus sumilir
Ngilir tandure, tandurane para wali lan mubaligh arupa winih agama Islam
Tak ijo royo-royo, dak sengguh temanten anyar
Ijo mujudake pralambanging Islam. Islam ngrembaka. Dak sengguh temanten anyar. Nalika semana Islam mujudake bab anyar kang mranani/nengsemi dijingglengi.
Cah angon-cah angon penekna blimbing kuwi
Kanjeng Nabi Muhamad SAW ngendika ana hadist ‘mutafaq ‘alaih kang wose saben-saben wong iku minangka juru pangon, besuk ana ngersa dalem Allah bakal ditempuhake (disegotrah) kabeh pakaryan olehe angon. Nanging kang dikarepake ana kekidungan iki, juru pangon yaiku para raja panewu bupati kang “angon rakyat” ageya padha nindakake rukun Islam (Menek Blimbing) blimbing alingir lima mujudake pasemoning Rukun Islam.
Lunyu-lunyu penekna, kanggo masuh dodotira
Kanggo menek blimbing (Rukun Islam) pancen lunyu tur rumpil, nanging tetepa ambudidaya, lan ngupiya, murih kasembadan anggegem, hengga sembada kang sinedya. Minangka kanggo amasuh “dodot” (kampuh). Dodot among den agem dening para ngaluhur. Ing jaman semana yen njamasi pusaka saperangan ana kang nganggo lerak, blimbing apadene jeruk pace. Ing kene mengku karep, kanggo anyuceni dodot, kudu ngupaya blimbing, kang anggone golek nganti oleh (Agama Islam) ora gampang.
Dodotira-dodoita kumitir bedhah ing pinggir
Dodotira (dodotmu), wus padha rusak, bedhah, karana cinampuran wewarah sasar kayadene animisme, kang ngolehake tumindak “Ma-Lima”. Agamanira tanpa adhedhasar lan alandhesan bab kang haq, apadene wahyu, nanging adhedhasar tahayul.
Donmono jlumatana kanggo seba mengko sore
Dondomana, (jaiten) sandhanganira kang rusak, sarana agama Islam. Kanggo cecepak samangsa sira tinimbalan sowan Allah. “Sesuk sore” mengku werdi yen umure manungsa iku tan kena kinira dawa-cendhake, sawayah-wayah bisa mati. Kita den ajab supaya wus sumadya sangu arupa ngrasuk Agama Islam.
Mumpung jembar kalangane, mumpung padhang rembulane
Mumpung isih ana wektu kanggo mertobat,pumpung isih amba jangkahe, enggala siyaga lan ageya hangrasuk Islam. Malah ngendikane kanjeng Nabi Muhamad: Nindakna limang perkara: Enomu sadurunge tuwa, Warasmu sadurunge lara, Jembarmu sadurunge ciyut, Sugihmu sadurunge mlarat, Uripmu sadurunge mati.
Suraka surak hore
Padha suka-suka sira kabeh sawise kenceng olehe gondhelan Agama Islam, muga pinaringan nugraha saka ngersa dalem Allah SWT.
(Kapethik saking Panyebar Semangat.2007.43:26)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar